Menyang kontèn

Wikipédia:Pendhapa

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Sugeng rawuh ing Wikipédia Jawa
bauwarna mardika abasa Jawa kang diyasa sarana gugur-gunung
kang saiki ngemu 75.251 artikel

The Lord of the Rings: The War of the Rohirrim ya iku film fantasi animasi Amérika Sarékat babaran taun 2024 Sutradara Kenji Kamiyama saka skénario déning Phoebe Gittins lan Arty Papageorgiou, adhedhasar trilogi The Lord of the Rings déning J.R.R. Tolkien. Film diprodhuksi déning New Line Cinema karo Warner Bros. Animasi kanthi produksi animasi déning Sola Entertainment, The War of the Rohirrim minangka film kapitu ing séri iku sawisé trilogi live-action The Lord of the Rings lan The Hobbit, lan film animasi kapindho adhedhasar novel, sawisé The Lord of the Rings (1978). Film iki yaiku prékuel sing prastawané kadadéan 183 taun sadurungé prastawa sing digambaraké ing The Lord of the Rings: The Two Towers (2002). Film animasi iki dibintangi Brian Cox minangka Helm Hammerhand, Raja Rohan sing légendharis. Miranda Otto, mbalèni paragané minangka Éowyn saka trilogi film The Lord of the Rings.

Film iki wis diwara-warakaké ing sasi Juni 2021 lan olèhé ngambangaké iku agé supaya New Line ora kélangan kak ngadhaptasi film adhedhasar romané Tolkien.

Maca sabanjuré ...


当時三美人 (Tōji San Bijin) iku lukisan sablonan nishiki-e saka sakiwa-tengené 1792–93 déning seniman ukiyo-e Jepang Kitagawa Utamaro (1753–1806). Komposisi segi telu ini nggambaraké profil telung wong wadon kawentar kala iku: geisha Tomimoto Toyohina, lan leladèn warung teh Naniwaya Kita lan Takashima Hisa. .

Wikipédia iku bauwarna (encyclopedia) kang cumepak ing manéka basa (multilingual) tur olèh dibesut (edit), diturun (copy), lan dipandum (share) sapa baé kanthi mardika (free). Amarga cumepak ing manéka basa, mula ana Wikipédia basa Jawa iki kang kababar ing surya 8 Maret 2004. Saben wong olèh mbesut, nurun, lan mandum kaca ing Wikipédia iki. Tegesé, kowé bisa mèlu ngripta utawa nggawé artikel anyar, ndandani artikel kang durung becik, mulihaké artikel kang dirusak, lan sapanunggalané. Wong-wong kang tumandang mangkono aran naraguna (user). Kowé bisa nyawiji karo para naraguna liya ing paguyuban saperlu nuwuhaké, ngrembakakaké, lan ngregengaké Wikipédia iki. Wikipédia iki minangka salah siji barang wetoning Wikimedia Foundation, siji pakumpulan nirlaba, kang kanggo sapa baé tur lelahanan (gratis). Kowé ora perlu mbayar saperlu nggawé akun lan maca artikel ing Wikipédia iki. Sapréné, wis ana 72.257 akun lan 75.251 artikel ing Wikipédia basa Jawa. Ayo ngéwangi mbecikaké Wikipédia Jawa iki!